23 Oktober 2008

NGENTENI PEMILU 2009

Pemilu 2009 wis nang ngarep mata lan wis mlebu mangsa kampanye. Gendera partai-partai pulitik wis ngrubah warna dalan malah kaya-kaya garep ngganteni warna gendera abang putih. Wong pulitik wis mulai pada pamer paling apik, pamer paling bener, pamer paling pro rakyat. Padahal jan-jane kaya penginyongan wis wareg krungu janjine wong pulitik, walopun wong kue diblebed sarung, sorban lan peci. Nyatane mung maen nek mangsa kampanye tok.


Ngomentari pulitik pancen maen lan ora ana enteke, soale pada bae ngrasani si.. Lan maning, pulitik kue ya selera. Antarane aku karo rika juga bisa beda pandangan. Wong batir se kantor bae beda-beda koh. Ana sing bebeh ngomong pulitik, ana sing fanatik banget karo parte. Rika ngerti dewek nek wong fanatik, pokoke parte pilihan e nganti sa tokoh e ora ana salahe! Bener terus. Saking fanatic e, deweke lewih seneng ngurusi parte utawa golongane daripada mikirna desane dewek.

Kue beda karo inyong sing ora tau mantep karo parte. Inyong sing penting wong e. Ibarat numpang bis, walopun bis e gede tur apik tapi kondektur, kenet karo supir e ugal-ugalan inyong ya emoh melu. Lha nek wis ngerti gole nyupiri ugal-ugalan, terus gole narik karcis ngawur tapi tetep bae ana sing numpaki, sing rugi mbokan dewek. Padahal penumpang kue ibarat e raja sing bebas milih bis.

Pada bae karo pilihan partai, kena ngapa dewek ora gelem memposisikan dadi raja sing wenang milih? Malah milih dadi budak e parte pulitik? Kue mau pemikirane inyong, kena ngapa ora tau mantep karo parte. Soal e nang Indonesia tek biji urung ana parte sing bener. Apik e nang platform tok, tapi prakteke mung pada rebut kuasa.

Pulitik, sing jan-jane nang teori ne apik tapi praktek nang Indonesia (sikine) esih menghalalkan segala cara demi kekuasaan golongan. Kesejahteraan lan keadilan sing dadi tujuan utamane dinggo nek masa kampanye tok. Enteni bae nang Pemilu 2009 sedela maning.

13 komentar:

  1. aku sependapapat kari kang suhar, aku jane wis wareg karo janji janji wong pengede, jere Pro rakyak miskin peduli ini peduli itu, tapi nek wis dadi boro boro ngurusi rakyate. tapi kita sebagai warga negara yang baik ya musti melu andil dalam pemilu mendatang, ya minimal aja Golput, kita berdoa bae moga2 pemimpin sing di pilih bisa bener2 mikirna rakyat, aja mung mikirna kronine bae

    BalasHapus
  2. Setuju kang Budi. Golput nang Indonesia ora ana gunane. Hak suara kudu dinggo secerdas mungkin.
    Dan, jgn kita diperbudak fanatisme thdp partai.

    BalasHapus
  3. pancen iya, nek agi kampanye janji manise maen banget. tapi nek wis kepilih ora kelingan karo janji2ne.

    BalasHapus
  4. lah nek aku mending arai duwite karo kaose, lumayan kaose nggo pranti meng sawah.

    BalasHapus
  5. wis biasa jenenge wong nek wis dadi ya kelalen karo janjine tapi nek urung dadi jan apik banget karo masa2ne,nek masalah noblos si kuwe hake sing noblos ya kuwe mau aja ora milih wong duwe hak pilih ya nggo milih,terus kuwe mau nek di wei kaos partai ya di terima bae ora usah isin2 di enggo baen ora usah ter lalu fanatik karo partai

    BalasHapus
  6. nang peniron biasa ne ana bagi2 duit ora ya?

    nek nang watulawang jare ne sering, tp aku wong ora tau bali pas pemilu dadi ora ngerti

    jare biasa ne partai P**P karo Partai G*****

    :D

    BalasHapus
  7. Jumlah pemilih nang Watulawang oa lewih seka 700 pemilih. Nek muwur mungkin wani karena bisa nggo gengsi pejabat desane.

    Peniron jumla pemilih e 5000an,nek muwur etung2an bisnis, Lurah e rugi. hehe

    BalasHapus
  8. heheh muwur apa kuwe kang Suhar, mangsa rendeng muwur jagung napa :) ** kidding
    ya kuwe kang, masyarakat watulawang kas gemien soal suara bisa gemolong nek nang pemilu. ora mawi di wuwur duit, tampa kaos be wis senenge ngeram, :). terus terang warga watulawang sebagian besar masih besar esih seneng melu2, jamane kuning melu kuning, jamane abang melu abang, jamane ijo ya melu bae, hanya orang2 tertentu aja sing wis paham maring politik, karena anggapan mereka, manfaate kiye kaya ora keton, jarene : milih abang, ya tetep tani, milih ijo ya ora tampa bayaran.

    BalasHapus
  9. Mungkin sing nyebabna rakyat ora diregani karena rakyat dewek ora bisa ngregani hak e mau ya?

    BalasHapus
  10. yo uwis penting wetenge wareg aja mikir sing ora-ora ben bisa turu enak

    BalasHapus

- Urun rembug
- Nerusna dopokan
Saran: untuk lebih mempercepat, silahkan langsung pilih profil Anda pada pilihan Nama/URL dengan menuliskan Nama dan URL Anda.