23 Oktober 2008

BASA NGAPAK

Basa ngapak kue sebutan kanggo basa Jawa sing umum dinggo basa pedinan nang daerah Jawa Tengah bagian kulon. Inyong gole ngarani basa Jawa banyumasan. Bedane karo basa Jawa wetan (Jogja/Solo) utamane mung nang logat e. Minurut ahli basa, jare basa ngapak utawane basa banyumasan malah logat bahasa jawa sing paling tua dibanding logat bahasa Jawa liyane. Pendapat mau ditengeri seka ana logat basa ngapak kayata Inyong lan Rika sing asline seka basa Kawi, nenek moyang e basa Jawa. Seliyane kue, pengucapan a secara utuh nang basa ngapak, juga pada kaya basa sansekerta.

Basa ngapak juga dadi basa pedinan wong Bumen. Tapi nang Bumen daerah wetan terutama daerah Kutowinangun ngetan, basa pedinan lewih dipengaruhi basa wetan. Dadi wis ora ngapak maning walopun ya urung alus kaya Jogja/Solo. Tapi basa ngapak e wong Bumen juga mandan beda karo basane wong mBanyumas asli (karesidenan Banyumas). Bumen pancen dadi pertemuan budaya Jogja karo Banyumas, mulane tekan basane juga wis campuran. Campuran budaya mau sing mempengaruhi basa ngapak e wong Bumen mandan beda karo daerah karesidenan mBanyumas. Nek nang Bumen, mungkin ora beda, tapi nek rika tau urip nang Purwokerto, Cilacap apa Purbalingga, basa ne wong Bumen bisa ditengeri koh.

Sebagian wong nganggep, basa ngapak kue basane wong kelas loro. Beda karo basa alusan sing dianggep lewih mriyayi. Basa ngapak juga dianggep basa sing lucu, kasar lan kurang due unggah ungguh. Padahal, basa Jawa sing asli pancen ora ana bedane antara krama inggil karo krama ngoko. Basa Jawa dadi krama inggil, krama madya lan krama ngoko kue karena pengaruh keraton sing pancen karena bermental ptiyayi trus gawe bahasa nggo mbedakna kasta. Malah, men lewih alus maning, basa Jawa keraton karo bahasa rayat biasa bae mandan beda.

Mbiji basa ngapak ora cukup seka logat e sing keton kasar lan cenderung ngoko. Nang daerah Cilacap, Purwokerto utawa Purbalingga sing basa ngapak e lewih kentel, pancen mandan angel nemoni wong sing anggo basa krama madya utawane krama inggil nang pergaulan pedinan. Tapi menurutku, justru nang kono kue kelewihane basa ngapak. Kasar lan kurang unggah ungguh sejatine nggambarna watek asli golongan ngapak sing jujur, blakasuta, bebeh basa basi. Tulisane "ana" ya diwaca "ana", ora dilafalna "ono". Apa anane kue sing marahi wong ngapak nek ngomong keton asal metu. Bebeh basa basi kue sing marahi kaum ngapak ora tersinggung walopun ora dibasani.

Nah, bagi awake dewek sing basa ne ngapak, ora perlu isin diarani lucu utawane ndesa. Kue salah sijine faktor kenangapa basa ngapak ora bisa berkembang, soale kaum ngapak dewek isin anggo basane dewek apamaning ngembangna. Nek wong ngapak wis isin basa ngapak, berarti kue wong sing ora due budaya, ora due jati diri. Lha apa malah ora lewih cilaka sing kaya kue.

Ana ujar Jawa, jare ramaku basa kue busanane bangsa. Sing dimaksud, watek lan budi pekerti bangsa/menungsa kue dibiji sekang cara berbahasane. Dadi udu masalah ngapak karo ora ngapake, tapi unggah ungguh e dewek gole nganggo basa.

Nah kanggo sedulur-sedulur ngapak, tulung kue basane dewek aja ditinggal. Walopun ora populer kaya basa Jepang utawane inggris, basa ngapak kudu diuri-uri. Lan maning, mbuh kue basa alus utawa ngapak, kabeh mau sebagai warisan budaya sing adiluhung. Dewek kudu bangga, nenek moyang e dewek gemiyen hebat banget bisa ninggalna basa sing maen, udu basa kaya tarsan.

Kanggo sedulur-sedulur kaum ngapak nang Bumen apa nang perantoan, ayuh bersatu dalam ngapak. Tapi nek pada gawe paguyuban Bumen ya aja didasari karena kesamaan basa ngapak e tapi lewih karena kepedulian karo asal daerahe. Soal e Bumen kue ora kabeh ngapak. Budaya wetan karo kulon kali ya wis mandan beda, aja nganti ana arogansi mayoritas. Eling, pada pada wong Bumen aja salip salipan. hehe.. Sing pungkasan, ayuh bangga berbahasa ngapak, terutama ngapak khas Kebumenan. Minimal, ayuh bersatu dalam ngapak nang kene. hehe

13 komentar:

  1. iya inyong dadi kelingan jamane pertama aku merantau, nang kota bahasaku dadi bahan guyonan, terus terang inyong mandar minder karo bahasa ngapaku jaman semena, Trus aku dadi kelingan karo pelawak peang penjol asal purwokerto, dengan bahasa ngapak mereka bisa sukses, makane ayuh sedulur kanapa musti isin anggo bahasae dewek, nek udu dewek sing ngapak ya sapa maning,

    BalasHapus
  2. Hhhuuulllaaahhh.....
    Inyong CarubBawor nang ndi bae tetep dadi CarubBawor anake Kaki Semar...ora bakalan dadi Bagong apa maning malik dadi Arjuna...

    Semboyane inyong awit jaman kuna-mengkuna esih tetep "BLAKA SUTA, ORA TEDHENG ALING-ALING, LUGU NANGING JUJUR"

    Dheleng bae photo-ne inyong nang http://geocities.com/carub_bawor/carubbawor.jpg
    Sekang kono bisa keton nek inyong esih tetep dadi CarubBawor sing sederhana ning ngutamakaken laku kejujuran, ora gampang kegawa maring ubahing jaman lan prilaku manungsa sing wis lali marang jatidhirineng bangsa...

    BalasHapus
  3. Akhire kang Carub nongol maning.

    Lha kue kang Carub bisa diconto. Biar modern sing tetep njaga jatidiri.

    Kang Budi esih kelingan peang penjol ya. Inyong wis ana 10 taun ora tau krungu peang penjolan..

    BalasHapus
  4. nek basa ngapak ya wis ngoyod nang ilatku, walapun jarang kuucapkan(soale batirku ora ana sing bisa ngapak). nek guyonan peang penjol enyong esih cokan ngrungokna nang hpku.

    BalasHapus
  5. Ngomong2 Peang Penjol inyong dadi kelingan jaman aku di sunat gemiyen, tanggapane mung cukup anggo corong,silir2 jam 3 mesti disetel kaset peang penjol...aku sing esih kelingan critane Peang Ngomong "Nek bendo di lamod ya iate pedot" heheheh

    BalasHapus
  6. ngapak nek ora ana batir e ya mandan angel sih, soale wis suwe ora ngomong.. nah kiye nang kene ana batir e ya kayane bisa metu maning ngapak e, hehe

    BalasHapus
  7. Nang Peniron, dialog khas Peang Penjol sing nggo apalan ya 'Tejo nang Bandung' karo 'komando barisan bebek'. Soale mungkin tukang coronge nyetele kaset kue bae mbok. Hehe
    @Ayuh ngaPak kang Naryo, minimal nguri2 basa daerahe dewek Bumen lor. He2..

    BalasHapus
  8. walah kang kang...rika wong Peniron jebule ya... jan malah ketemu nang internet. inyong wong Pengaringan asli (ngisor gunung Pranji). nek munggah liwat Curug. Bar lulus SMA inyong meng Solo (wolung taun, suwe ya...). trus siki inyong nang Surabaya. lumangyan menjelajah berbagai dialek bahasa Jawa(ngapak, Solo, Suroboyoan).
    inyong ya setuju nek wong penginyongan kudu nglestarikna baha Jawa. Walopun inyong wis meh 10 taunan ora ngomong ngapak nang pedinan, tapi ngomong ngapakku tetep oke polll!!! nek bali meng Pengaringan utawa tlepon biyung ramaku nag umah ya ngomong ngapak!rasane plong nek ngomong karo wong ngapak. nang perantoan kaya nang Solo urawa Surabaya ya lumangyan akeh wong ngapak...
    wis dhisit ya kang... disambung maning...

    BalasHapus
  9. lurah Pengaringan ya esih dulurku kuwe kang, jenenge Kang Naryo, putune eyang Sastrosentono...

    BalasHapus
  10. iya lah aku setujune pol karo koe2 pada, pokokane ngapak only lah, nek isa sing ra ngapak aja dadi warga bumen nganah pisah bae melu purworejoa apa ngendi, ha..ha...

    BalasHapus
  11. hihihi .... ngapagk keren juga. ngapagk emg asline yaw?

    BalasHapus
  12. He penutur ngapak, jangan mau kalah ama arek Suroboyoan atau Malangan ya!!

    BalasHapus
  13. hehe, ngapak lucu tenan

    BalasHapus

- Urun rembug
- Nerusna dopokan
Saran: untuk lebih mempercepat, silahkan langsung pilih profil Anda pada pilihan Nama/URL dengan menuliskan Nama dan URL Anda.