17 Oktober 2008

BERSATU KITA TEGUH, BERCERAI MBOJO MANING

Aja kaget nek judul postingan e mandan mbelgedes. Basane ya mbedani, anggo basa penginyongan alias ngapak. Critane mandan “terinspirasi” karo blog e sedulur anggota milis karanganyar kebumen. Kayong e koh maen anggo basa ngapak, lah terus dadi kepengin njajal. Masa “beliau”nya sing nang Jakarta be basane ngapak, lha kiye blog ndesa koh basa ne betawi bae. Nek ana istilah sing wagu, lucu, saru, salah tapi kaprah ya ngapurane wong jenenge be agi latihan.

Terus maning, judul karo isine mungkin ora nyambung, apamaning nek wis maca tekan rampung. Walaopun ora ana hubungane, ya mangga dihubung-hubungna dewek! Ning sing lewih maen, mending aja berhubungan karo tulisan, berhubungan bae karo lawan jenis malah nylekamin. Haha

Mandan serius kiye, masalah persatuan kue wis saben dina krungu. Malah kawit sekolah SD wis apal karo slogan persatuan. Tapine apalah artine apal nek ora dipraktekna nang kasunyatan saben ndinane. Apamaning siki, ujarku bareng Indonesia jare lagi krisis, malah wong-wongane pada tambah egois. Wong e molai liberal, pada karep menange dewek. Sing dipentingna kepentingan kelompok, parte lan golongane.

Nang kene, aku ora garep crita bersatune Indonesia soale wis akeh sing mikirna. Inyong lewih seneng nulis masalah persatuan nang ndesa baen, soal e genah para pakar mesti urung ana sing mikirna, disamping ora level juga ora ana duite! Lan maning menurut e inyong, wis kakehan sing mikirna negara tapi langka sing pada mikirna desa. Padahal nek desane maju, mbok negarane ya otomatis maju. Jajal nek kabeh desa bisa makmur jibar jibur, lha mbok disamping negarane mesti makmur, ora bakal ana razia KTP nang Jakarta. Mula ayuh deenteni gebrakane Bibit - Rustri, apa gole gemboran bali ndesa mbangun desa apa temenan apa mung nggedebus tok.

Persatuan Peniron

Persatuan Indonesia minangka salah sijine sila nang Pancasila kuwe ora mung rumusan Bung Karno tok. Persatuan kue minangka intisari seka watek luhur bangsa Indonesia kawit jaman ora enak. Mula nang Jawa ana tembungan rukun agawe sentosa, crah marahi bubrah. Ora usah dipikir angel angel wong arti karo maknane wis genah. Kari dewek karep milih sing ndi, sentosa apa bubrah. Kaya kue bae.

Mbalik meng ndesa maning, Peniron kue desa amba. 951 hektar, bayangkan kawan! Paling amba nang tlatah kecamatan Pejagoan. Wargane lewih seka 8.400 jiwa. Ana 46 RT, 10 RW, 8 Pedusunan. Due sawah amba, due pegunungan, due alas walopun dueke Perhutani, ana kali Luk Ulo utawa kali gede, ana 11 kali cilik, ana 4 mejid, ana 39 mushola. Due lapangan bal-balan, due SMP, due 3 lokasi Pasar, saliyane kue saben dina ana pasar tiban nang brug bengkek, due depo pasir, due lemah desa nganti 20an bau lan akeh potensi liyane.

Emane, potensi Peniron sing akeh urung bisa digarap serius nggo kemajuan desa. Nyatane, tekan siki Peniron mung bisa mbangun nek ana bantuan utawane proyek. Kerigan wis ora tau ana. Ronda apamaning. Dalane njembrung, giline peteng, selokane kotor bae dijor klowor ora ana sing peduli. Duit seka pirang-pirang asset mbuh mlayune meng sak ngendi. Nggo ngganti plang BPD bae kudu ngenteni duit ADD. Jan, mbok melasi banget. Sing tek gumuni, kondisi kaya kue seka gemiyen koh ya ajeg bae, ora ana perubahan. Lurahe wis gantia ya sambat tombok terus. Ya ora moga-moga bae, lurahe diwei rejeki akeh ben bisa nomboki terus.

Wis aja mambrah-mambrah, mengko mbok ana sing salah penampa. Siki mbahas bae persatuan nang Peniron.. Inyong ora garep membahas masalah sing sensitip, sepisan maning mbok salah tampa. Inyong mung garep ngajak, ayuh paseduluran warga Peniron ditingkatna maning. Tunggal desa aja pada menange dewek. Pait getir ya dirasakna bareng. Adat wong ndesa aja diilangna. Aja pada dumeh, apik elek e desa kan ya ngrasakna kabeh.

Mulane ayuh, sing nang ndesa ya aja pada menang-menangan, blok-blokan. Nek kaya kue dadine mung wadan karo curiga mencurigai. Nek kepengin maju kabeh kudu due komitmen persatuan sing temenan, ikhlas nggo kepentingan desa aja mung nang lambe tok. Nek ora due komitmen persatuan, lha kapan desa garep maju. Aja asal pokoke lan rumangsa bener dewek. Lembaga-lembaga sing nang ndesa kudu bisa dadi tuladan. Lurahe, Carike, pamonge, LKMDne, BPDne, Kyaine, Karang Tarunane, PKKne, Ansore, IPPNU-IPPNUne, tokoh masyarakate kudu aweh conto sing apik men wargane pada tiru. Nek ana sing beda pendapat ya aja terus dianggep mungsuh. Wagu bin ndesa lan ora jaman sing kaya kue.

Sing nang rantau ya ayuh bareng-bareng melu mbantu sedulur sing nang ndesa. Inyong wis ngenteni kas gemiyen, kapan ana komunikasi karo sedulur-sedulur sing nang rantau men bahu membahu majokna desa. Desa kue anane kari wong lewihan, SDMe ngepas mulane ora wani lunga-lunga. nek sing nang ranto ora cawe-cawe, melas Lurahe, perangkate, LKMDne. Jajal sing nang rantau pad komunikasi gawe paguyuban warga sing solid. Aja petil-petil gawe paguyuban tingkate Kadus. Sing esih abot karo paguyuban lingkungan membuktikan, tresna karo desane pancen kudu ditingkatna maning.

Pokoke, siki ayuh ndeleng mengarep. Masa lalu cukup nggo sejarah karo nggo sinau bae. Sejarah reformasi desa, Pilkades, Pemilu, lan liya-liyane kue pancen wis dadi keharusan sejarah.

Bentuk kongkrite lan carane ayuh dirembug bareng. Sing penting ya kue, komitmen! Nek komitmene kendo, mbok nganti lambene ndower ya ora dadi.


Bersatu liwat komunitas onlen


Gemiyen, blog kiye digawe iseng tapi ora nyana tanggapan batir-batir lumangyan. Sedulur Peniron, Watulawang, Pengaringan, Logandu, Watutumpang, Kedungwaru sing dianggep ndesa jebul wis pada malang melintang nang dunia maya sing akhire iseng juga gawe forum komunitas. Ora ngira babar pisan. Liwat internet, inyong bisa dopokan karo Kang wardi, Kang Naryo, Kang Sinun, Kang Amad, kang Gareng, Kang Gepeng, Kang Rio lan batir-batir seka tlatah Peniron sing manggon nang Serang, Malang bahkan Balikpapan. Inyong dadi kenal karo Kang Sugi, Kang Nur, kang Budi, Kang Wawan, Kang Narmadi, Kang Dariman, Kang Tajib lan liyane sing nek ora liwat internet lamon bisa kenalan.

Kenyataan kue nandakna, internet lumangayn efektif nggo gawe paseduluran lan mupuk persatuan. Mulane ujarku rika-rika sing pada pinter internet gagean dikumpulna nang forum apa milis khusus wong Bumen. Winginane blog wong Bumen lumayan ramen, tapi siki sepi maning. Mbuh nangapa, tapi kayane pengelolane kecepeten ninggalna umah sedurunge tamu-tamune wis bisa nganggep wong Bumen kaya umahe dewek. Ana blogger Kebumen, tapi kayane sing laris mung banner e tok. Jan-jan e akeh wong Bumen sing dolanan blog, tapi kayane mbene kumpul nang forum-forum cilik kaya komunitas benkek, Karanganyar-Kebumen, golak lsp.

Wong Bumen ya due IWAKK WALET EMAS, yakue paguyubane perantau Bumen. Tapine kayane IWAKK WALET EMAS juga urung menyentuh kabeh perantau Bumen. Tapi ya bisa dimaklumi wong ngumpulna perantau sing ewon-ewon mesti angele ora karuan. Terus maning, ujarku penggiate kon gawe website utawane blog men bisa nggo komunikasi lan informasi karo wong Bumen kaya penginyongan. Liwat web utawa blog resmi mungkin paguyuban bisa lewih ngoyod maning.

Tapi inyong ora garep ngayawara lah. Apalah artine Peniron lan sekitare dibanding desa sing wis pada maju nang darat ya nang udara. Sing penting komunitas benkek mlaku bae disit. Walopun siki agi proses ganti hosting lan domain, moga-moga dela maning bisa mengudara. Nek wong ndesa termasuk Peniron wis bener-bener bersatu mesti dadi majune, nek karo desa liya juga bisa bersatu, ora ana alesan nggo kawin cerai maning.
Salam bae seka ndesa, moga-moga nek ana apa-apa inyong lan sedulur-sedulur forum bisa melu dicawel.

Inyong wis bingung garep nulis apa kiye, wis angob-angob bae.. Ya layak, jebulane wis meh jam 1 esuk. Wayahe turu kiye.

14 komentar:

  1. moga2 sedulur kabeh wis buka peniron online lan wis di waca isi tulisane kabeh terus di pikirna dewek2,nek menurut kaya penginyongan jan wis maen banget isi tulisane kuwe terus maksude ya jan apik temenan,ya sedulur kabeh tulung di rewangi apa sing wis diomongna karo KANG NAUFAL kuwe mau.hebat jan sampean KANG NAUFAL bener2 ramek na terus desa peniron aja kalah karo desa liane sing wis pada maju kabeh kuwe sedulur?kan kaya kuwe mbok sedulur bener apa ora sing diomongna KANG NAUFAL,ya asli bener aku ndukung banget KANG NAUFAL.

    BalasHapus
  2. enyong setuju kang suhar. angger nulis maene anggo basa ngapak.

    BalasHapus
  3. tulisan yang sangat menarik dan menggugah semangat!

    setuju dengan apa yang di tulis mas suhar diatas.
    mari kita sama2 memikirkan dan berusaha untuk membangun desa kita, dengan tindakan yang jelas, jangan hanya sekedar bisa mengkritik dan menuduh :)

    BalasHapus
  4. nek nganggo bahasa ngapak asline ya jare ku apik, mung inyonh wis mandan kagok, ngapurane, hehe

    BalasHapus
  5. Ora pp angel basa ngapak Kang, sing penting aja isin dadi kaum ngapak.
    Nek nang Malang ora due partner, ya mlebu ngeneh bae. Hehe

    BalasHapus
  6. Matur nuwun dukungan utk terus nulip anggo basane dewek.
    Tapi inyong dewek jane anu nggo latihan krn inyong urung bisa basa ngapak sing bener.
    Mengenai isine, aku dewek bisane tembe ngomong kr nulis tok. Praktek e ora segampang ngomong e. Hehe

    BalasHapus
  7. jujur bae nyong wani ngapak bareng tekan jakarta tulih. Bareng melu milis banyumasan, trus kerep kopdar karo wong banyumas. Jyan padahal biyunge nglairna nyong ngedenne nganggo bahasa ngapak, tapi arep ngapak issyiin. Angger siki nang tempat umum malah gole ngapak sekenceng-kencenge. Ben ngerti nyong kuwe wong bumen.

    BalasHapus
  8. nek aku sih isin ya ora,

    tp wis kas cilik sih ninggal bumen, trus sekali ne bali paling mung ora nganti seminggu

    dadi kadang milih kosakata esih bingung, hehe


    btw

    FORUM BENGKEK SUDAH KEMBALI, HEHE

    ini masih pake host lama

    rupanya sama pihak cmsindo dah d perpanjang domain mereka

    tp tetep aku masih kawatir, karena gratisan tadi itu

    jd ini lg aku backup buat jaga2

    ntar kl udah jadi beli host baru, rencana di pindah

    komunitas-benkek.co.cc

    BalasHapus
  9. Setuju kuwe kang karo dopokane rika... Saiki pancen wong2 wis padha ora duwe isin... Ora kaya mbiyen, nek mbiyen wong diomong kere si isin...lha nek saiki, kabeh wong padha kepengin kere ben padha olih BLT lah...askeskin lah.... Padahal kadang sing njaluk kuwe sugih mblegedu...Jan ora duwe isin. Apa maning masalah nang desa, wong saiki nek kon padha kerigan wis pada aras arasen...alesane macem2, padahal anu males thok... Padha sadar mengko nek wis ana kedadeyan musibah, iya mbok Kang...???
    Salam kang wong Mbanjar.

    BalasHapus
  10. jebul maca basa mbanyumasan ya kesel ya. :P

    BalasHapus
  11. @Kang Ipul, rika anu wis sue ora basa mBanyumasan mbokan ya?

    BalasHapus
  12. malah aku mbene maca postingan rika kiye.. ternyata wong ngunung kaya nyong bisa ulih batie sekang internet. ora kebayang gemiyen arep kenal dunia maya kaya kiye. lah kepriwe wong cilikanku cekelane arit ngo golet suket, tapi ya aku bersyujur walau kita wong gunung tapi sitik2 peningin ngemek internet

    BalasHapus
  13. terima kasih kepada peniron online yang telah membuka pasar peniron di dunia maya. maju terus peniron.

    BalasHapus
  14. Ya kaya kue melu bae nyong karo rika

    BalasHapus

- Urun rembug
- Nerusna dopokan
Saran: untuk lebih mempercepat, silahkan langsung pilih profil Anda pada pilihan Nama/URL dengan menuliskan Nama dan URL Anda.