15 Desember 2008

AYO MENULIS

Blog kiye wis sue ora diapdit. Pirang dina bae ora ana tulisan anyar. Sepi sunyi. Jan-jannya, aku nunggu ana tulisan anyar seka batir-batir sing wis tek undangi kon dadi penulis. Tapine koh tekan siki esih sepi-sepi bae ya? Ada apa denganmu?



Nangapa koh batir-batir urung gelem pada nulis nang kene ya? Sing bisa njawab tentu batir-batir kabeh sing wis tau tek undang kon dadi penulis blog kiye.. Apa karena urung kober, apa bebeh nulis, apa jan-jannya blog kiye ora pantes dadi milik umum, de el el de el el... Jajal mengko tek gawe polling men pada diisi.


Padahal sing tek karepna inyong jane sederhana, blog kiye men dadi dueke bareng-bareng, dikelola bareng, ana kasil dinikmati bareng. Karena akeh sing ngisi, dadine inpormasi seka tulisan kan bisa lewih akeh, gaya tulisan lan bahasane juga dadi lewih variatif. Ora membosankan nek inyong bae sing nulis. Kue tok jan-jannya..



Atau ada usul, saran, dan kritik mengenai ide ini? Silahkan tinggalkan komentar untuk didiskusikan.



Ayo nulis Kang..

14 komentar:

  1. bos gimana kabarya mga2 cih baek2 j q eno anak kali pancur nama lengkapnya cih supeno

    BalasHapus
  2. bos kes kapan cih peiron due wibesite Dewek y bos
    kapan daalan peniron bisa apik kabeh ya....

    BalasHapus
  3. Wah, secara resmi Peniron jane urung due blog Kang aplg website. Cuma blog kiye mngkn bisa nggo sarana komunikasi. Elek2an lah Kang.

    Ttg dalan, inyong ora bs njawab Kang. Ada yg lebih bs utk menjawab..

    BalasHapus
  4. Masalah nulis...nyong urung bisa urun pancen lah...wektune urung senggang...esih ana tugas berat sing urung rampung...bar tugas kiye ya ana tugas maning, tugas maning, tugas maning liane...lha nek wis senggang nyong arep ndandani situse nyong sing wis mboseni kae men dadi ngganteng maning kaya sing due...

    BalasHapus
  5. Ra pp nek drg kober Kang. Tp nek wis kober tlg bisa kontribusi. Nulis kan ora sue lan ora kudu maen. Sing penting tukar pengalaman.

    BalasHapus
  6. bos q SUPENO ANAK KAI PANCUR lor PASAR bos pasar aring jembatan yakin SEMRAWUD kepriwe solusisi ne ya BOS men teratur kan go liwat dadi Cepet

    BalasHapus
  7. gampang supeno liwate men cepet ya mabur ya mas suhar?wkakkkkkkkkkkkk?

    BalasHapus
  8. Hehe mabur trus tiba. Ora cepet tekan umah malah cepet tekan.. RS apa kuburan! Haha2..

    BalasHapus
  9. BOS q supeno kali pancur bos wibe site peniron sogi kabar apa berita sing ayar2 tentaNG BERITA KAN ING NANG ENDI ORA BISA NGERTI

    BalasHapus
  10. Iya maaf kang Peno. Inyong anu lagi urung kober kiye. Soale manggonku nang Bumen sih. Wis 3 minggu ora ngalor kiye. Kayane malah tekan taun baru mbok. Ya mengko tek takon2 ya. Enteni bae ya Kang.

    BalasHapus
  11. bos sing ngelola wibesite peniron sapa bae sih ya

    BalasHapus
  12. Salam Hormat, Salam Senyum Kanggo Sedulur Kabeh
    Assalamu'alaikum Wr. Wb.
    Perkenalkan, Saya H.M.Jamil,SQ,MPd ingin meminta dukungan Saudara dalam pemilihan Caleg DPR RI PPP 2009 Dapil Kebumen, Banjarnegara & Purbalingga.
    Semoga bermanfaat bagi kita semua.
    Wassalamu'alaikum Wr.Wb.

    BalasHapus
  13. Wa'alaikummussalam...
    Ya didukung pak lah...
    Sing penting 'Nek wis dadi bener-bener bisa makili rayat, wong cilik kaya inyong kiye Pak' digatekena....
    Rayat cilik arep nggolet pangan nggo mangan dina kiye be susah...
    Dadi pemimpin sing penting jujur, aja korupsi,aja lali karo janjine...wong biasane nek arep nyalon janjine maen-maen ning bareng dadi boro-boro mikiri rayate...

    BalasHapus
  14. sing nyaleg siki anane mung obral banda.... maraih sugih bakul percithakan ee.. ya ora papa... ning aja angger dadi terus pada micek, mbudeg

    eling 2,5% hasile rika nek dipangan nglolodi!

    BalasHapus

- Urun rembug
- Nerusna dopokan
Saran: untuk lebih mempercepat, silahkan langsung pilih profil Anda pada pilihan Nama/URL dengan menuliskan Nama dan URL Anda.